Kendhel
Amargi Kepepet
Dening
Ifid Safitri Rosidha
05 / XII IPA 5
Sasangka kang jumedhul ing
tengahing wengi wis sirna dipangan bawana, diganti radite kang sumebyar,
mratandhani aku kudu enggal-enggal menyang sekolah. Dina kuwi, nalika aku nuju
ing kelas, aku sliringan karo Ketua
Osis.
Ketua Osis ngendika, “ Fid sesuk
dina Senin, upacara
kayata biasa. Sesuk kowe dadi petugas kang maca susunan adicara ya!”
Aku ndredheg
mireng ngendikane Ketua Osis, amarga aku durung tau dadi petugas.
“ Ananging Mas…., kula dereng nate
dados petugas. Samangke saumpami kula kesupen utawi klentu anggenipun maca susunan adicara,
kadospundi?” wangsulanku karo Ketua Osis.
“Halah kowe
ki……., wong durung dicoba kok wis ciyut atine? Sesuk Sebtu latian, supaya kowe iso lancar lan ora ndredeg.” Ngendikane .
“Inggih Mas!” wangsulanku kang ora
patek manteb.
Riwut gedhe nunjang antebing
pikirku. Pikirku meh wae mundur kaya paribasan esok dhele sore tempe. Atiku nak
nik nak nik mikirke dhawuhe Ketua
Osis marang aku.
Tekan omah aku matur marang ibu,
“ Bu…., wau kula dipundhawuhi kaliyan Ketua Osis supados kula dados petugas maos susunan adicara ing upacara samangke. Kula insyaAllah
saged, nanging kula boten pede, saumpami kula mundur
mawon kadospundi Bu?”
“Aja Nduk! Kowe
aja mundur, amarga kuwi bisa dadi latihan tampil ing ngarepe wong akeh kanggo
kowe. Nek wis kerep tampil, kowe dadi ora isinan meneh lan dadi pede.”
Wangsulane ibu.
“Nanging Bu?”
“Wis saiki rasah
piye-piye, tugasmu saiki tekan wektune upacara, kowe kudu latihan!”
“ Inggih Bu….!” Wangsulanku karo ibu.
Sapu ijo dienggo nyapu plataran atiku. Pengki biru kanggo nyulaki
pikirku. Aku terus ndredheg lan minder. Dina iki dina Senin, wektune aku
tugas. Ing wektu persiapan , aku ndredheg tenan kaya pengen mundur. Ananging
aku wegah saumpama aku nguciwakke Ketua
Osis kang wis milih aku. Rasa ndredheg neng atiku ilang, lan aku lancar
anggone ngucap susunan adicara.
“ Alhamdulillah
aku bisa. Bener ngendikane Ketua Osis, aku aja mundur sadurunge nyoba. Ora tak nyana-nyana aku bisa.” Unenku
nang batin.
Amarga kepilih dadi petugas upacara, aku bisa dadi
bocah kang luwih kendhel.
TAMAT