Jumat, 01 November 2013

Cerkak


Kendhel Amargi Kepepet
Dening Ifid Safitri Rosidha
05 / XII IPA 5
                Sasangka kang jumedhul ing tengahing wengi wis sirna dipangan bawana, diganti radite kang sumebyar, mratandhani aku kudu enggal-enggal menyang sekolah. Dina kuwi, nalika aku nuju ing kelas, aku sliringan karo Ketua Osis.
Ketua Osis ngendika, “ Fid sesuk dina Senin, upacara kayata biasa. Sesuk kowe dadi petugas kang maca susunan adicara ya!”
Aku ndredheg mireng ngendikane Ketua Osis, amarga aku durung tau dadi petugas.
“ Ananging Mas…., kula dereng nate dados petugas. Samangke saumpami kula kesupen utawi klentu anggenipun maca susunan adicara, kadospundi?”  wangsulanku karo Ketua Osis.
“Halah kowe ki……., wong durung dicoba kok wis ciyut atine? Sesuk Sebtu latian, supaya kowe iso lancar lan ora ndredeg.” Ngendikane .
“Inggih Mas!” wangsulanku kang ora patek manteb.
                Riwut gedhe nunjang antebing pikirku. Pikirku meh wae mundur kaya paribasan esok dhele sore tempe. Atiku nak nik nak nik mikirke dhawuhe Ketua Osis marang aku.
                Tekan omah aku matur marang ibu, “ Bu…., wau kula dipundhawuhi kaliyan Ketua Osis supados kula dados petugas maos susunan adicara ing upacara samangke. Kula insyaAllah saged, nanging kula boten pede, saumpami kula mundur mawon kadospundi Bu?”
“Aja Nduk! Kowe aja mundur, amarga kuwi bisa dadi latihan tampil ing ngarepe wong akeh kanggo kowe. Nek wis kerep tampil, kowe dadi ora isinan meneh lan dadi pede.” Wangsulane ibu.
“Nanging Bu?”
“Wis saiki rasah piye-piye, tugasmu saiki tekan wektune upacara, kowe kudu latihan!”
 “ Inggih Bu….!” Wangsulanku karo ibu.
Sapu ijo dienggo nyapu plataran atiku. Pengki biru kanggo nyulaki pikirku. Aku terus ndredheg lan minder. Dina iki dina Senin, wektune aku tugas. Ing wektu persiapan , aku ndredheg tenan kaya pengen mundur. Ananging aku wegah saumpama aku nguciwakke Ketua Osis kang wis milih aku. Rasa ndredheg neng atiku ilang, lan aku lancar anggone ngucap susunan adicara.
“ Alhamdulillah aku bisa. Bener ngendikane Ketua Osis, aku aja mundur sadurunge nyoba. Ora tak nyana-nyana aku bisa.” Unenku nang batin.
                Amarga kepilih dadi petugas upacara, aku bisa dadi bocah kang luwih kendhel.
TAMAT

1 komentar:

  1. What is sports toto? - Sporting 100
    In the USA, the most recent sports betting odds for each sport are the moneyline, spread, and 경상남도 출장안마 total. 김포 출장안마 So, if you 창원 출장안마 put the total 토토사이트 money line on a 용인 출장샵 team to win the game,

    BalasHapus